Punokawan : Petruk

Petruk

Oleh : Kandhabuwana

Petruk iku anak pupone Semar sing angka loro. Adhine Nala Gareng, kakange Bagong. 

Tembung Petruk saka basa Arab: fat-ruk, tegese ninggalake. Padha karo kalimah Fat-ruk kullu man siiwallaahi, tegese ninggalake sakabehing sesembahan saliyane Allah Ta'ala. 

Nanging yen manut carita padhalangan, tembung Petruk (jangkepe: Petruk Kanthong Bolong) saka basa Kawi/basa Jawa kuna. Petruk saka tembung patrap, tegese tindak-tanduk/pakarti. Kanthong tegese wadhah, Bolong tegese boros. 

Petruk dedege dhuwur. Tangan lan sikile dawa, uga irunge. Nandhakake yen watake Petruk sarwa longgar. Jejeg pikire lan kena diprecaya, mrantasi sabarang karya. 

Dedeg dhuwur, tangan lan sikil dawa minangka simbol wong kang dhuwur gegayuhane. Irung dawa simbol bisa angganda endi kang becik lan ala, satemah bisa ngendhaleni kekarepane. 

Tutuke mesem, tandha yen atine ora tau susah lan ora angkuh. Gulumenjing gedhe, yen nyuwara gedhe arum yen nyuwara cilik bening. Dhadha jembar, berbudi bawa laksana. Kalung gentha. Bangkekane nyengkelit pethel. Wudele bodong. 

Petruk mujudake gegambaran wong sing seneng weweh, seneng tetulung tanpa pamrih, seneng sedhekah. Nganti kanggo kabutuhane dhewe kurang. Nglungguhi bebasan blaba wuda ngana kae. Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman. Mula sandhangane Petruk sarwa prasaja.
Previous article
Next article

Belum ada Komentar

Posting Komentar

Ads Atas Artikel

Ads Tengah Artikel 1

Ads Tengah Artikel 2

Ads Bawah Artikel